A PHP Error was encountered

Severity: Notice

Message: Undefined property: stdClass::$iframe

Filename: libraries/Article_lib.php

Line Number: 225

Backtrace:

File: /var/www/html/frontend-v2/application/libraries/Article_lib.php
Line: 225
Function: _error_handler

File: /var/www/html/frontend-v2/application/controllers/Read.php
Line: 108
Function: gen_content_article

File: /var/www/html/frontend-v2/index.php
Line: 314
Function: require_once

Kebon Teh Medini, Koyok Ana ing "Negeri Awan"

Kompas TV regional berita daerah

Kebon Teh Medini, Koyok Ana ing "Negeri Awan"

Kompas.tv - 24 Februari 2020, 13:59 WIB
Penulis : KompasTV Jateng

KENDAL, KOMPAS.TV - Kebon teh Medini hawane atis mergo ono ing kedhuwuran sekitar 2050 meter soko permukaan laut. Daerah iki wes dadi wisata alam, lan didemeni karo kalangan cah nom lur. Ono ing kebon teh Medini iki koyok ono ing negeri awan lho lur, mergo akeh kabutte lur...nek jare mas Katon Bagaskara...kau mainkan untukku sebuah lagu tentang negeri di awan dimana kedamaian menjadi istananya ...duhh mestine damai yo lur ono ing kebon teh Medini iki.. yu Je wae nganthi ngguya ngguyu dewe neng tengah kebon teh xixixixi... Sakwetoro kuwi lur, dalan kanggo nuju ing kebon teh medini iki nduwe sensasi dewe lur. Dalanne seng munggah mudhun lan soko watu seng ditoto, lan iso dilewati karo mobil utowo sepeda motor lho lur. Lha iki lur, nek pas isuk sedulur kabeh iso ndelok aktivitas poro pangamek godong teh soko deso - deso sekitar kebon teh Medini. Nek mbiyen godong teh dipetik nggunakke tangan, nanging saiki lur godong teh dipetik nggunakke gunting gede seng dikei wadah neng ndhuwurre supoyo godong teh e orak tibo, lan metik godong teh e dadi luweh cepet lur. Nah sakwise kuwi godong teh ditimbang njur dikirim ing pabrik teh nggunakke trek utowo jep, kanggo diolah dadi teh siap seduh. Lha iki lur .. tekan neng pabrik godong teh njur langsun digarengke. Lan prosesse dowo banget lur yoiku pertama pelayuan, pememaran, pengeringan awal, pengeringan kaping telu lan pengeringan akhir, seng wektune iso kelangsung nganthi 15 jam seng kapasitasse 1200 kilogram. Lha dallah lur supoyo iso ngombe sak gelas wedang teh seng puanas utowo es teh seng suegerr, jebulno kudu nglewati proses seng duowoo men yo lur …

#KebunTehMedini #WisataAlam #PabrikTeh




Sumber : Kompas TV

BERITA LAINNYA



Close Ads x